![]() |
Kejawen |
HATUR PASRAH
Dhandhanggula
Lumaraping temanten puniki.
Datan tebih mung saking Puluhan.
Kepareng marak ing ngarsane
ki besan kang satuhu
Hambeg luhung ing tata krami
Lilanana Matur hamba
mring para sesepuh
Sembah sungkem katampiya
salam ta’dzim katur maring ki besan ugi sumrambah mring para warga!!
Wigatine sowan kula mriki
Ngaturaken mring risang temantyan kinanthan ubarampene
pisang sanggan satuhu
jadah tetel myang upakarti
boga wastra myang arta
pamesing satuhu
yen tinampi sadaya
sampun ngantos tinimbang mungguh bobot nging silaturahmi yek tos!!
Pangkur
Kepareng hatur cacala
Awrat kula hangemban rembag nguni phalakrama kang winuwus
pramila humatur hamba
dadya rembag utusan hatur sumurup mungguh ing sowan kawula
ngaturaken sungkem ngabekti.
Salam ta’dzim jangkepira
rumentaha mring bapa-ibu ugi
wigatine hatur ulun
ngaturaken mring anak kula
wus siyaga hambabar klimahing qobul cinitra sampun hambekta
mas kawin ingkang njangkepi.
HATUR PANAMPI
Pangkur
Kepareng nanggap wacana.
Kang sinabda duta minulyeng jurit sinawung ing sekar pangkur
wirama ngranesmara
mrih tan lugu lugas datanpa lugut
cinitra wedharing sabda
ruruh angengarah prani.
Sagunging hatur paduka
masrahaken putra ndika punika
tinampi kalawantulus
siniram raos tresno tan ginerba minongko mantu pungut
prandene mring phala – boga
tinampi tandhane asih.
HATUR PAMBAGYOHARJO
Asmarandana
Kasmaran mulal ningali
rawuhnya besan utama
lumeber para tamune
wus pepak andher mangarsa
Pak/Bu ____________ gupuk nembrama ngendika ris mring para tamu
den samya sekeca lenggah.
Mungguh ing boja lan krami
yen datan hanuju karsa
luberna ing aksamane
esthining manah kawula
ngrerepa ingkang sinedya
temanten samya hanggayuh kasembadan
0 balasan:
Posting Komentar